The Jamboree Nasional Flexter Indonesia
"Merah - Putih Flag Carrier Community"CAK BLOGGER, wis pirang ndino iki ... aku pengin banget ngungkapno kesan lan pesanku selama melok jamboree flexter tgl 13-14 Desember 2008 nang Taman Dayu Pandaan wingi ...
Pas krungu nek jamboree dianakno tgl 13
sampek 14 Des, aku rodok mikir .. sebab tgl 14 Des pas ultahne bapakku nang
Mojokerto. Ultahne bapakku sih dino Minggu, 14 Des.08 jam 12:00 awan nang
Mojokerto ... mulane aku golek informasi panggonane Jambore. Krungu nek jamboree
dianakno nang Taman Dayu Pandaan - aku rodok seneng ... sebab jarak e gak sepiro
adoh sokok Mojokerto. Sakdurunge aku sempat krungu nek mungkin ae dianakno nang Probolinggo.
Aku tekok nang Pembina flexter (nek tanggal e wis gak isok diundur krn kaos, lan liyo liyane wis tercantum tgl 13-14 iku) ... banjur aku matur .. oleh nggak mulih minggu jam 10 an.
Aku pengin banget melu jamboree, krn acarane ngundang flexter soko kutho2 liyane: Sumatera, Kalimantan, Sulawesi, Jabar, Jateng, Jatim, lan Dewata.
Amargo aku sejak awal pembentukane Flexter Brotherhood Suroboyo gak pernah absent soko kegiatan, opo maneh jamboree kali iki ... aku pengin banget melok acarane.
Dino Sabtu, 13 Des 08 aku karo JUPITER-ku budhal nang Ketintang 156 ... nge-check bolo2 sokok suroboyo .. sing melok jamboree. Ndheleng dulur2 sokok Jogja: Freeze, Aang sak bojone ... trus konco2 sokok Jember lan sokok luwar pulo, aku suuuuueeneng banget. Sebab podho flexter e .... Sak mesthi ne nek mereka juga "dulur ku...
Wis jangkep sing melu
(mesthi onok siji sin gak teko) aku numpak JUPITERku nang Pandaan. Kiting2 an
karo LEMU (koyok e flexter brotherhood iki sing paling gueedhe sak Indonesia)
... ngang ngeng ngang ngeng . akhire tekan Taman Dayu - Pandaan.Koyok biasane CAK, aku jeprat-jepret kono kene ... nganggo kamera anyar milik e flexter brotherhood Suroboyo ... sueneng banget isok ketemu dulur2 flexter Sak Indonesia ... kiro2 180 an flexter ngumpul nang The Pines Taman Dayu Pandaan.
Acara Pembukaan
Cak BLOGGER, ndhelok ceria lan semangate poro flexter, Kadivre 5 ketok e sueneng banget, opo maneh ndeleng kerjasama lan antusias e poro penggedhe ...

Sak wise acara pembukaan, aku melok ceramah wawasan kebangsaan sing dipimpin Pak Marjono ...
ternyata gak cumak Pak Anwar (wong telkom)
sing ngelingno nek cumak telkom (flexi) milik e bongso Indonesia sing isik tersisa, mulane kudu di"belani" rek ...
Mari oleh wawasan kebangsaan, aku melok ceramah etiket dan etika sing disampekno Ibu Agatha ... wonge memang ayu .. poro flexters mripate koyok arepe "cepot" hehehe
Aku dienglingo maneh .. bab toto kromo dalam berpakaian, jabat tangan, lan liyo liyane ... aku sih biasa wae oleh ceramah koyok ngono ...
CAK BLOGGER, Sak iki aku arep crito sing paling menarik sokok Pak Roedy (Pembina flexter sokok Divre 5) bab produk2 flexi sing selama iki onok ... aku wis weruh beberapa produk lan fitur2 e utowo cara nggunakno ne. tapi sing paling menarik yo iku tulisan sing ditampilno nang setiap slide "Indonesia Isi Jiwaku, Pasti FLEXI isi HP-ku" ... iki sing menarik perhatianku ... kadang2 memang nek pas onok promo ... hp utowo tarif murah sokok produk liyo, kepengin nyobak ... nek eling2 iku aku dadi isin .. opo maneh .. flexter ketemon isi hp ne duduk flexi, wah isin banget ...
Mari ngono, aku melu sharing sokok My Admin (Cak Usma) bab my flexiland ... arek2 podho rame karepe dhewe, tapi onok beberapa sing isik ngrungokno bab flexiland ... termasuk aku yooo. Seneng isok ketemu MY Admin maneh.
My Admin crito lan tanya jawab
masalah FLEXILANDBengine acara api uggun .. dhelok semangat e poro flexter, Pembina, lan Kadivre 5 sueneng loh Cak. Iki loh foto2ne
Bengine turu nang Tenda (Barak Tentara) ngono .. iki pengalaman pertama turu nang barak koyok tentara ... adem ... tapi yo berkesan ...
Minggu isuk ... senam bareng, grup ku nomor 12 ... gak sepiro kompak .. mulane oleh souvenir tengkorak ... hehehehehe
Mari ngono CAK, acara survey lapangan .. aku gak melok sebab jam e wis wayah e aku kudu mulih nang Mojokerto .. atiku berat banget sakjane, tapi yo ... yok opo maneh ... karo anakku wedok loro (vivi lan nia) aku mulih Mojokerto numpak JUPITERku ...
Rodok getun sih gak isok melok acara Flexter in Action ... lan penutupan .. tapi yo yok opo maneh, Cak. Bapakku ultah .. y kudu mulih Mojokerto.
Aaaccchhh .. mari seneng2, nang dalan meh Porong, rante motor ku pedhot ... :( untung onok bengkel bukak) akhire sampek Mojokerto pas ... pas teko, pas panganan teko, pas mangan awan. hehehe.
Sore aku mulih balik Suroboyo ... sampek omah kaget, tas pinggangku HP ku loro, gak onok ... tak golek i gak ketemu ...
tak eling2 aku ..sadar nek HP ku loro ilang, dhuwit, surat2, lan dompet ... amblas .... :(
Seneng, susah, seneng ... dilakoni ae CAK> iku urip sing selalu kudu ditrimo. Aku pesen karo dulur2 kabeh, podho seneng lan susah diterimo wae.
Cak Cukup semene, kesan dan pesanku ...
Cak Peejay
FLEXTER INDONESIA

Subcribe RSS of this blog





